Social Icons

twitterfacebookgoogle pluslinkedinrss feedemail

04 Mei 2011

Dino ngarep sik dhowo ojo Cupet Pikiranmu

Pirang dino kepungkur aku ditelpon karo bekas pacar. Ambek nangis nangis dheweke cerito lik saiki ono masalah omah-omahan karo bojone, kasarane lagi tukaran. Sakjane dheweke bingung arep kondho karo sopo lha wong saiki lagi urip pisah adoh karo sanak kadang nang pulo sandinge Jowo. Mbuh yok opo, kok tibake aku sing ditelpon, padahal lak saiki wis gok ono hubungan opo-opo maneh... Yo mungkin sebagai wong sing pernah cedak karo dheweke aku sik dipercoyo.

Dheweke cerito, lik lagi tukaran, gak wawuh karo bojone. Malah sampek ngomong wis gak sudi ngurusi dheweke (bojo) karo anake, malah njaluk pegatan. Lha lha lha, masalahe opo kok koyok nemen ngono. Intine dheweke gak percoyo maneh karo kelakuan bojone nang njobo, kuatir serong karo wong wedok liyo, tapi gak duwe bukti. Akhire lak dadi ngenes kepikiran dewe. Malah deweke kepingin metu teko omah, ninggalno anake sing cilik terus mlaku mlaku nang sakkarepe. Lhe... piye seh arek iki? Wis gendheng ta? Ngene iki lak malah nggawe perkoro dadi gak karu-karuan mbulet dan angel golek titik temu. Sampek aku ngilingno, lha anakmu sopo sing ngurus? Sakno rek, sik cilik gak ngerti opo opo, ngono iku lak darah dagingmu dhewe, gak ono mantan anak, lha lik mantan bojo iku ono. Perkoro karo bojo, ojo anak sing dadi pelampiasan.

Inti masalahe sak jane komunikasi. Dheweke cerito, lik selama omah omah bareng gak pernah diolehi mrono mrene, lik gak karo bojone. Padahal mbendinane bojone kerjo, moleh sore, dheweke nang omah karo anak lanange sing ruju, sing lagi umur 3 tahunan, njogo kios toko nang omahe sing magrong-magrong. Intine koyoke arek iki bosen, istilahe nang sangkar. memang mbiyen dheweke pernah kerjo kantoran saiki duwe usaha dhewe peracangan nang omah. Lik dipikir-pikir sakjane lak luwe enak nang omah bebas, daripada melu wong/ perusahaan. Yo pancen sih, mungkin mbiyen kan akeh konco, saiki ijenan.

Mbiyen grudak grudak mrono mrene karo kancane utowo dulure, eh saiki malah nang omahan, gak ono konco. Ngono iku lak gak perlu sampek pegatan ta? Terus dheweke tak takoki, lik pegatan terus entuk jatah gono gini arep lapo, anak-anakmu melu sopo, arep dadi single parent ta? Malah bingung, cupet pikirane gak iso njawab. Ono masalah koyok ngene omongno sik karo bojomu, lik sik buntu yo ngajak mertuamu nengahi masalahmu. Jane aku nang posisi sing susah boso keren-e dilematis. Arep cawe cawe engko dituduh orang ketiga, ketemu pirang perkoro, malah engko dadi perkoro dhewe karo bojoku, ngawur? Mangkakno yo akhire aku nyarano sebagai pihak sing netral, artine gak ono harapan aku mbalik karo dheweke maneh masio dheweke pisah. Lha aku wis seneng karo keluargaku saiki, opo sing kurang?

Let pirang dino sak wise mewek-mewek mau, dheweke cerito lik saiki wis apikan maneh karo bojone. Dheweke ngebrekno uneg-unege nang bojo karo mertuane, tetek bengek mulai teko A sampai Z. Aku dhewe yo seneng lik dheweke saiki wis apikan maneh. Sedih jane lik ngrungokno wong sing pernah ono roso mbiyen sengsoro, masio aku gak pernah nduwe niatan balik mergo kabeh mau lak yo pilihan urip dhewe. Yo mugo-mugo kabeh iso podho langgeng-bahagia karo pilihane dhewe.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar